Ula Culika Sing Cilaka (Cerita Berbahasa Jawa) - Guntara.com

Friday 28 September 2012

Ula Culika Sing Cilaka (Cerita Berbahasa Jawa)

Ing sapucuking wit randhu alas kang gedhe lan dhuwur, ana manuk Menco manggon wis pirang-pirang minggu. Menco saiki wis duwe anak piyik cacahe telu.
Ula (bahasa Indonesia: Ular) [wikimedia.org]


Ing ngisore wit randhu alas ana rong sing dienggo Ula. Menco sing manggon ing pucuking wit randhu kuwi wis kapimg bola-bali weling marang Ula supaya aja nganti mangan anake sing iseh piyik. Ula ya nyaguhi. Atine Menco dadi tentrem amarga kuwi mau. Menco kerep menehi pangan kanggo Ula kanggo tanda terima.

Ing sawijining dina, papan kono mau kena mangsa ketiga dawa saengga kabeh kewan padha kangelan golek pangan. Menco sakloro sedhih banget jalaran anake malih kuru-kuru merga kurang pangan. Mula Menco sakloron banjur nduweni niyat arep golek pangan ing papn sing rada adoh saka papan kono. Kanggo njaga keslametane anak-anake sing iseh piyik-piyik Menco sakloro nitipake piyik-piyike marang Ula.
   
Menco sakloron banjur pamitan marang Ula. Sidane meh sedina muput Menco-menco mau during bali. Begjane, Menco mau uwis ninggal pangan kanggo anake. Dene Ula sing mung nggolek pangan ing sakiwa tengene kawit esuk tekan surup durung bisa nemokake mangsa siji-sijia. Mula wetenge Ula dadi perih amarga saking luwune.
   
Dumadakan metu gagasane Ula sing kurang apik. Ula kelingan menawa piyik Menco  kuwi mau isih enom-enom. Mesthi enak lan seger yen dimangsa. Kanthi nggleser Ula marani susuhe Menco . Kedereng luwene weteng sing ora bisa diampet maneh, salah sijine piyik Menco  mau banjur dipangan siji. Bubar mangan piyik cacah siji Ula mau banjur mudhun saka wiy randhu alas.
   
Nalika bubar wayah surup Menco  sakloron mau wis padha bali marang susuhe. Mesthi wae Menco  loro mau kaget meruhi anake ilang siji. Piyik sing iseh loro padha pating jlerit nangis. Piyik-piyik mau wadul menawa sing mangan salah sijining piyik Ula sing dititipi dikon njaga piyik. Krungu wadulane anake sing koyo mangkono Menco  mau padha nesu.
   
Menco ngunekake Ula yen tumindake ora bener. Amarga dijaluki tulung supaya nunggu anake ning anake malah di pangan siji. Ula ora gelem disalahake anggone mangan anake menco. Menco tetep nyalahake Ula lan ngarani yen Ula ala bebudene. Suwalike Ula ora gelem disalaheke. Ula uga nantang menawa Menco arep nesu.
   
Menco ora bisa suwala bisane mung ngarani menawa Ula duweni watak adigang adigung lan ngendelake kekuwatane. Deweke ndedonga supaya pangerean menehi paukuman sing satimpal marang ula.
   
Menco Banjur tata-tata bakal pindhah saka wit randhu alas kanggo nylametake kulawargane. Sawise tata-tata Menco banjur golek papan sing rinasa luwih aman. Dene Ula iseh tetep neng kono.
   
Bareng wis mabur rada suwe, Menco nemokake sawijining grumbulan empring ori sing rungkut. Neng kono mau Menco gawe susuh. Kanthi mapan ing grumbulan pring ori Menco duwe panuwunan supaya bakal slamet. Awit kanthi mapan ing pucuking wit emoring ori, Ula ora bakal bisa menek jalaran awake bakal kecocog eri-erine wit emprin mau.
   
Ing sangisore grumbulane wit empring kuwi ana sawijining belik sing bening banyune. Ya mung belik kuwi sing bisa ngilekake banyu ing mangs ketiga dawa kuwi. Banyu belik iki sing banjur bisa nyukupi butuhe kewan-kewan ing sakiwa tengene papan kono.
   
Nuju sawijining dina, ana putra raja kang mbebedhag ana ing sakiwa tengene ppan kono. Kapinujon dina kuwi panase krasa sumelet, mula nalika putra raja mau meruhi ana bilik sing ngilekke banyu bening dheweke bakal enggal-enggal nglukari agemane. Klebu uga kabeh penganggone sing ginawe saka mas, inten, lan sapanunggalane. Ageman lan penanggone saka mas-masan iki maumun padha disampirake ana ing carang-carange wit empring ori. Menco sakloron sing meruhi kahanan iki banjur niyup saka pucuking wit empring. Kabeh penganggone mau digawa mbur dening Menco sakloron. Prajurit lan abdi daleme mau padha neu banjur ngluru abure Menco-menco mau.
   
Menco sakloron mau mabur nuju rong papan pandhelikane Ula. Bareng wis tekan, kabeh panganggone dicemplungake ana ronge Ula. Kabeh prajurit lan abdi dalem sing padha ngetutke abure Menco mau banjur ngokrok-okrok lan macula rong Ula kuwi.
   
Kapinujon nan pirang-pirang penganggon sing cumenthel ana awake Ula tanpa jinarag. Ula dhewe kaget meruhi kahanan sing mangkono kuwi. Dheweke nduga menawa dheweke lagi dibedhag dening prajurit lan abdi dalem mau. Mula Ula banjur ndlosor aep nglungani papan kono.
   
Prajurit kuwi mau ngabani kancane supaya Ula dioyak lan dipateni. Sebab yen ora dipateni malah bisa mbandakalani.
   
Ula sing lagi ndlosor kuwi mau banjur padha digebugi nganti mati. Menco sing ngawat-wati saka kadohan mung bisa ngelus dhadha. Mripate Menco mbrebes mili awit kepriye wae dheweke satemene isih duwe rasa eman marang si Ula. Ora ngertia wong-wong kuwi malahy padha mateni Ula merga wedi yen nganti kena wisane.
   
Satemene, Menco wis kelangan anak sing ditresnani ln Ula sing wis suwe dadi tanggane ing wit randhu alas. Matine Ula lan matine piyike mesthi wae ndadekake gelane atine.                    

No comments:

Post a Comment

Berikan komentar terbaik atau pertanyaan untuk artikel di atas dan tetap setia mengunjungi "Guntara.com" dengan alamat www.guntara.com terimakasih!