KETHOPRAK (Artikel Berbahasa Jawa) - Guntara.com

Friday 28 September 2012

KETHOPRAK (Artikel Berbahasa Jawa)

Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.
Pagelaran Kethoprak (solopos.com)
Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.

Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih punika kethoprak. Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud sandiwara utawi drama tradhisional ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan masyarakat ing jaman semanten.

Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang. Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah satunggalipun inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak ugi sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut budaya manca.

4 comments:

  1. Ada terjemahan bahasa Indonesianya gak?

    ReplyDelete
  2. Artikel sae sanget. Saestu saged nambah kawruh tumrap kula. Mangga mampir ugi wonten blog kula. http://www.kelasjawa.com/2017/06/essayartikel-bahasa-jawa-berbagai-tema.html

    ReplyDelete

Berikan komentar terbaik atau pertanyaan untuk artikel di atas dan tetap setia mengunjungi "Guntara.com" dengan alamat www.guntara.com terimakasih!