Cerita Jawa : Digondhol Kucing - Guntara.com

Sunday 29 July 2012

Cerita Jawa : Digondhol Kucing

Hawa esuk krasa seger, budhal Kang Kasban menyang sawah. Kang Kasban sing nganggo kathok komprangan warna ireng kaosan oblong putih dirangkepi klambi ireng potong gulon nganggo peci ireng kalungan sarungkaya tukang cikar sing neng dhaerah Jawa Timur jenenge bajingan.

    Ing dalan Kang Kasban ketemu Kang Runi. Kang Kasban karo Kang Runi banjur omong-omongan, Kang Kasban ngomongke yen dheweke butuh dhuwit kanggo mantu Darmi anake, sing oleh Sardi anake Kang Dengek, suk Sasi Besar. Wong loro kuwi banjur budhal menyang omahe dhewe-dhewe.

    Ora wingi ora saiki Kang Kasban olehe ngeloni kucing karo bedor ora ana bosen-bosene. Janji arep jagong bayen, malah ora sida. Yen ditakoni, Kang Kasban jawabe mesthi sapa ngerti dolanan kucing lan bedor isa gawe uripku mulya.

    Sasi Besar Kang Kasban sida mantu tenan. Awan nanggap jathilan, bengi nanggap film. Tamune cukup akeh lan sugatane ora ngisin-ngisini.

“Wih Rame Kang”, Kandha KangRuni.

“Pangestumu Gus! Berkahe Gusti”, Jawabe Kang Kasban.

    Semprul ngono batine Kang Runi. Tukang main kok ya isih kelingan Gusti. Apa yen dong main kae isih kelingan sing gawe urip. Ana-ana bae.

    Esuke Yu Sarmi bojone  Kang Kasban karo Darmi sing mau bengi dadi manten, teka neng omahe Kang Runi. Yu Sarmi laporan yen Kang Kasban bojone, minggat . Darmi nyeritake yen Kang Kasban bapake, kalah anggone main landhuwit sing entuke buwuhan digawa kabeh.

“Lha kangge mbayar ubarabane gadhah damel niku pripun”, Kandha Yu Sarmi marang Kang Runi. Saka jero omah Ibune Renny metu. Ngerti Ceritane Yu Sarmi mau Ibune Renny melu mbrebes mili. Sakwise kuwi Ibune Renny banjur nyilihake dhuwit limang yuta kanggo bayar utange Yu Sarmi lan nyaure isa dirembug buri.

“Ngene wae Yu , nyaure dicicil angger panen !”, Kandha Ibune Renny. Atine Yu Sarmi lan Darmi ngrasa seneng oleh sili9han saka Ibune Renny apa maneh nyaure rasah kesusu-susu. Yu Sarmi lan Darmi banjur menyang muleh.

Ing batin Yu Sarmi muji sukur marang Gusti, muga-muga dalan uripe tansah pinayun ing kaharjan lan tansah pinaringan dening Gusti. Amiiiin!!!.

Piwulang kang isa didhudhut saka cerita iki    :
  1. Awake dhewe aja nganthi melu kegiatan sing ala, haram, lan ora bener.
  2. Yen awake dhewe melu kegiatan haram kuwi pikirane isa rusak lan awake dhewe dadi kancane setan sing akhire mlebu neraka, lsp.
  3. Yen arep mulya kudu golek dhuwit sing halal lan marang Gusti Sing Maha Kuasa.

No comments:

Post a Comment

Berikan komentar terbaik atau pertanyaan untuk artikel di atas dan tetap setia mengunjungi "Guntara.com" dengan alamat www.guntara.com terimakasih!