![]() |
Desain Rumah Jawa (sumber gambar: duniaarsitektur.com |
Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipan tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan punika.
Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebarakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwi sasarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut.amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bacah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika.
Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.
Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng Srini mantenan.
apaan ni gaada gambar novelnya!
BalasHapuscari di google kak :D
HapusYang penting paham kan mas?😅
BalasHapusiya benar sekali kak :D
HapusKASIH TAU DONG UNSUR INSTRINSIKNYA BANG
BalasHapusperlu dikaji ulang terkait unsur interinstik, saya sudah lama tidak berkecimpung
HapusSaya diberi tugas untuk mrmbuat sinopsis dari sinopsis tersebut. Bagaimana tanggapannya : v
BalasHapusbuat dengan kata kata sendiri bung
Hapus